gunteni

Minggu, 30 Mei 2010

Mat Pithi lara untu

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem
India.
Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah. Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim.

Pas tekan njero dek e takon, 'pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?' Dokter Nursalim kanda 'Rong ewu, cung' 'Oleh gak sewu?'
Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol 'Oleh ae, pokok gak kathik dibius'. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.

Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.

Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik. Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.

Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.

Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni

Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.

Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis.... Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget.
'Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara'.
Awad kaget, 'Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?'
'Iya'
'Lha, iku lak pasienku. Mari tak suntik bius, dadak gak balik'.

guyonan

Mat Pithi pensiunan marinir

Tepak Mat Pithi dadi marinir mbiyen, tau dines nang Kalimantan Utara. Operasi Dwikora, eling gak peno-peno kabeh? Pas mlebu-mlebu alas, wong mungsuhe yo gak main-main, pasukan Gurkha, jare, Mat Pithi kepeksa ngorban-no sikile sing ngidhek ranjau darat. Yo ambyar, rek, sikil sing sebelah tengen. Untung kanca-kancane cepet nggawa Mat Pithi nang barak, dadi jik isok ketulungan nyawane. Perkara sikile sing tengen, yok opo maneh, wong ancur mulai ngisore pupu thithik sampek ngisor. Cobak rodok munggah thithik, isok kantong menyan sing gondal gandul iku katut bablas. Begitu tekan barak, langsung diupokoro mbarek dokter-dokter bedah sing ahli. Sikile sing karek thithik jik isok ditulung, tapi disambung mbarek sikil liya, sing wonge wis mati. Kanibal, ngono, lah... Cumak, wong situasi darurat, yo oleh sikil sak kecandake. Dawane rodok kacek kira-kira 2 cm. Wis gak opo-opo. Rodok pincang thithik lak malah tambah gaya, lah, wong tentara mulih saka perang. Isok digawe crita. Jugak kelire kulite sing rodok gak patek podo. Mat Pithi ireng, sikil gajulane rodok putih. Wis, yo gak opo-opo. Wong yo nek dines kan nggawe clono. Nek ndik omah, ya sarungan. Sing penting sikilan, gak nggawe kruk.

Mat Pithi onok meh sewulan ndik rumah sakit (wis diusung saka barak sing ndik garis depan). Durung isok mudhun, ngenteni sambungan sikile waras. Mat Pithi ya wis lumayan marem, gak perlu nggawe kruk engkuk-e. Bareng wis waras, Mat Pithi wis mulai dines maneh. Mlakune tambah gagah, masiyo rodok pincang thithik. Tapi jik tetep tegap. Marinir, rek.... Cumak, onok sing aneh mbarek Mat Pithi sak iki. Nek katene nguyuh mesti tiba, nggluntung. Mak glundung.... Wis pirang-pirang dina iki Mat Pithi nek nguyuh mesti golek nggen sing rodok sepi. Lha lak isin, se. Wong angger nguyuh mesti ngglundhung, kok... Gak kuat nandhang wirang koyok ngono, Mat Pithi njaluk ketemu mbarek dokter sing ngoperasi sikile mbiyen. Wong wis suwi, ya rodok kanglena ketemune. Barang ketemu, Mat Pithi nyritakno nasibe sing dialami sak iki. Doktere terus mbukak arsipe. Ndeleki data-data sing tau dinggo ngoperasi Mat Pithi mbiyen.

Ketemu, wis .... Tibak-e critane ngene. Sikil sing dinggo nggajuli sikile Mat Pithi sing ancur mbiyen iku sikile arek wedok. Lha nek pas katene nguyuh, sikil tengen sing sikile arek wedok iku njaluk ndodok....

guyonan perang

Penjajah Nyolowaði

Text Bahasa Indonesia dibawah

"Pak-dé Rono, saweg menggaléh nopo?"
"Lagi ngrasakké negoro kito"
"Pripón, to?"
"Rumangsaku negoro kito luwéh mólyo naliko ðijajah Walonðo"

"Nèk ngoten apiké kito mbuðiðoyo supaðos ðijajah"
"Carané?"
"Negoro Amerika kito serang"
"Lhó, bèn opo?"
"Supaðos kito kawon lajeng ðijajah Amerika"

"Wah, iyo yo, ..... "
"Lha néng .... "
"Lhó, keno opo?"
"Nèk RI séng menang?"