gunteni

Minggu, 30 Mei 2010

Mat Pithi lara untu

Mat Pithi, arek mbethik, hobbyne nontok bioskop. Paling seneng filem
India.
Gak ilok. Pokok bioskop Golden Gate, cidek jembatan Pethekan, Ujung, main filem india, gak kathik akeh pikiran, masiyo duwik bayaran sekolah, yo digawe.

Tapi sak iki Mat Pithi kepothokan. Lha yok opo, wong duwik sing kate digawe nontok bioskop iku katene gigawe nambakno untune sing lara. Bioskop mbayare sewu. Digawani bapake rong ewu, pas kanggo mbayar dokter gigi.

Ndik jalan Sasak, onok dokter gigi sing omahe gak patek adoh. Sing siji dokter gigi Nursalim, sijine Awad Dahdah. Mat Pithi marani dokter gigi Nursalim.

Pas tekan njero dek e takon, 'pak dokter, cabut gigi mbayar pinten?' Dokter Nursalim kanda 'Rong ewu, cung' 'Oleh gak sewu?'
Dokter Nursalim kanda mbarekl mbanyol 'Oleh ae, pokok gak kathik dibius'. Batine Nursalim, endi onok wong sing kuat dicabut untune gak kathik dibius.

Mari takon Mat Pithi metu saka ruangane dokter Nursalim. Doktere nerusno ngladeni pasien liya.

Mat Pithi, mari saka dokter Nursalim, mara nang dokter Awad. Ndaftar, njaluk dicabut. Gak suwe Mat Pithi dipanggil, terus dikongkon lungguh nang kursi pasien. Sak wise dipriksa, terus dijupukna suntikan bius. Mat Pithi disuntik. Pipine krasa abuh, kandel. Bar disuntik, Mat Pithi kongkon metu ruangan, ngenteni dipanggil maneh, kate dicabut untune.

Mat Pithi metu. Tapi gak ngenteni ndik ruang tunggu, malah mlayu nang dokter Nursalim, kanda nek siap dicabut.

Dokter Nursalim wis kadhung kemakan omongane dewe, yo kepeksa gelem ngladeni

Mat Pithi. Dicabut nggak gawe bius. Nursalim ya bingung, arek iki cik kuate dicabut gak dibius kok meneng ae. Mari dicabut, Mat Pithi mbayar sewu, terus lunga nontok bioskop. Nursalim gedheg-gedheg.

Bareng wis dirasa wayahe, dokter Awad metu ruangan, kate njabut untune Mat Pithi. Didelok ndik ruang tunggu, endi arek iki. Ya, uwis.... Kapan-kapan, Nursalim mbarek Awad ketemu, wong pancen sak tonngoan ae. Sering ketemu. Awad crita, nek dek-e tahu ngopeni pasien sing kuat banget.
'Tak cabut untune padahal gak tak bius iku, lho, Wad, gak ketok lara'.
Awad kaget, 'Arek-e ireng, klambi kotak-kotak?'
'Iya'
'Lha, iku lak pasienku. Mari tak suntik bius, dadak gak balik'.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar